Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bathik Massal Siswa SD IT Al Khairaat

Bathik Massal Siswa SD IT Al Khairaat

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge nglestantunaken sarta kangge nepangaken batik dhateng lare-lare, SD IT Al Khairat nggelar praktek mbathik massal tumrap siswanipun. Kanthi kridha kasebat, pangajabipun dados panjurung tumrap siswa, supados ing tembe greget mbathik amrih lestari, awit bathik inggih salah satunggal kaskaya bangsa Indonesia.

Siswa kelas 4 ngantos 6,dipun ajak mbathik sesarengan, ancasipun kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping 259 taun Kota Yogyakarta sarta kangge njurung generasi muda supados greget mbathik. Praktik mbatik kawiwitan damel mal dhateng kertas nuli dipun blat dhateng badhe, siswa lajeng nyanthing miturut malipun. Cara kasebat trep kangge nggladhi lare-lare mbathik.

Miturut kepala SD IT Al Khairat, Rini Tri Hartati, praktik mbatik dados kalodhangan kangge nglestantunaken batik minangka salah satunggal kaskaya bangsa Indonesia, supados boten dipun daku dening nagari sanes.

(Twin Kumilah)

 

 

Share this with friends

Comments are closed.