Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Batik ing laladan cengkar

Batik ing laladan cengkar

Klaten, www.jogjatv.tv –desa jarum, kecamatan bayat, klaten inggih salah satunggaling wewengkon ing kabupaten klaten ingkang saben mangsa ketiga kawontenanipun garing lan cengkar. Sinaosa makaten warga desa jarum gadhah kaprigelan ingkang unggul inggih punika minangka perajin batik. Kanthi turun temurun warga makarya minangka perajin bathik, ingkang dados sumber pamedalipun awit kridha saking olah tetanen boten saged dipun jagakaken. Kanthi tumemen lan ulet sarta sasampunipun bathik dipun akeni dening unesco minangka warisan kemanusiaan budaya tak benda, samangke kerajinan batik saya ngrembaka.

(purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.