Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Pengolahan Hasil Pertanian

Lomba Pengolahan Hasil Pertanian

Sleman, www.jogjatv.tv- Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Sleman, nggelar Lomba Pengolahan Aneka Hasil Pertanian , ing plataran Kantor Dispertanihut Sleman, dinten rebo (7/10) siyang. Ancasipun kangge ngregengaken pengetan Hari Pangan Sedunia kaping 35 ingkang dipun pengeti saben tanggal 17 Oktober.Salebeting kalodhangan kasebat dipun gelar 4 lomba inggih punika lomba masak bahan baku tela pohung, daging menthok, sayur lan woh-wohan sarta ulam loh. Miturut Kepala Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Sleman, Widi Sutikno, ancasipun nggelar lomba maneka masakan kangge ndayakaken kasagetan masyarakat ngocal asil pertanian supados ageng pengaosipun satemah saged ngindakaken karaharjan kulawarga.

Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi,nyengkuyung gumelaring lomba, awit dados kalodhangan kangge suka seserepan dhateng masyarakat salebeting ngocal asil pertanian supados ageng pengaosipun.Pangajabipun wonten pembinaan pemasaran, kangge nyade asil olahan kasebat.

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.