Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pucak Pengetan Serbuan Kota Baru

Pucak Pengetan Serbuan Kota Baru

Yogyakarta, www.jogjatv.tv–Dewan Harian Cabang Badan Penerus Pembudayaan Kejuangan 45, kanthi tembayatan kaliyan Prajurit TNI Polri sarta pelajar, nggelar upacara, pucak pengetan Serbuan Kota Baru kaping 70, ing asrama Korem 072 Pamungkas, dinten rebo (7/10) enjing, kanthi inspektur upacara Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti. Salebeting pambagyanipun Haryadi ngandharaken, samangke generasi muda kirang pana dhateng sejarah Kota Yogyakarta. Awit saking punika, para mudha kedah dipun sukani seserepan supados pana dhateng sejarah, antawisipun sejarah Serbuan Kota Baru ingkang dumados nalika tanggal 7 oktober 1945. Sasampunipun proklamasi kamardikan RI taun 45, tetela TNI taksih berjuwang numpes penjajah Jepang ing Ngayogyakarta.

Minangka tandha pucaking pengetan Serbuan Kota Baru taun 2015, Haryadi Suyuti nyumet obor ing Monumen Serbuan Kota Baru.

(Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.