Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Ngonthel Bareng Mubeng Rawa Jombor

Klaten, www.jogjatv.tv—Kanthi ancas kangge njurung masyarakat supados grenseng numpak sepeda, sarta kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping kalih Padhepokan Tirta Kencana, ngiras kangge nepangaken kaendahan Rawa Jombor minangka papan wisata unggulan dipun adani kridha sepeda santai, Ngonthel Bareng Mubeng Rawa Jombor. Ewonan warga Krakitan lan sakiwa tengenipun tumut sepeda santai mubeng Rawa Jombor , Ing... {...}

Continue Reading →

Mie Ayam Hijau, Mie Sehat Tumrap Vegetarian

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv–Tumrap para vegetarian ingkang kepengin nedhi mie ayam, pranyo gi nyobi mie ayam hijau. Wande mie ayam hijau dumunung ing Jalan Serma Taruna Ramli utawi sangajeng SD Ungaran 1 Kota Baru. Sinebat mie ijo, awit bahan bakunipun gandum lan sawi. Ngracik mie ayam hijau kadosdene ngracik mie limrahipun, mie ijo dipun godhog nuli... {...}

Continue Reading →

Lomba Alih Aksara Jawa

Bantul, www.jogjatv.tv–Minangka kupiya kangge njurung greget maos siswa ngiras kangge nglestantunaken aksara jawa, wiwit dinten Senen (16/11) kalawingi Kantor Perpustakaan Bantul nggelar Lomba Alih Aksara Jawa tumrap pelajar. Atusan siswa SD, SMP lan SMA sa Kabupaten Bantul dipun ajak nyulih aksara jawa dhateng aksara latin . 100 siswa SMP satataranipun, wakil siswa SMP, MTS sa... {...}

Continue Reading →

TP PKK DESA WUKIRSARI NGANGGIT BUKU PARENTING

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Minangka wujud kawigatosan dhateng kedadosan ingkang asring nemahi lare-lare, Tim Penggerak PKK Desa Wukirsari, ngepyakaken buku parenting. Buku kasebat njlentrehaken Cara Mendidik Anak Dengan Benar dan Tepat, supados boten klentu salebeting nggulawentah lare. Kasus ingkang nemahi lare-lare jaman samangke pancen mrihatosaken. Lare asring dados objek kekerasan, ingkang mahanani pangaribawa awon ing tembenipun.... {...}

Continue Reading →

SENAM BERSAMA LAN SEPEDA SANTAI

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Ewonan warga Sleman,tumut senam bersama lan sepeda santai ingkang dipun adani dening Perusahaan Daerah Bank Sleman,ing Lapangan Denggung.Ancasipun kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping 34 Bank Sleman, sarta kangge nyengkuyung program pemerintah kangge memasyarakatkan olahraga dan mengolahragakan masyarakat, supados warga Sleman tansah saras. Senam dipun estreni ewonan warga, mapan ing Lapangan Denggung.... {...}

Continue Reading →

MITOS MASJID TIBAN

Malang, Jawa Timur www.jogjatv.tv Ing Kitha Malang, Jawa Timur, wonten satunggaling masjid ingkang cakrikipun nyleneh, manunggalaken cakrik Timur Tengah, Tiongkok lan modern. Masjid ing komplek pondok pesantren kawentar minangka mitos masjid tiban, utawi masjid ingkang dipun bangun dening jin. Yektinipun masjid tingkat sedasa kasebat dipun bangun dening santri, tanpa arsitek, nanging istikarah saking pangarsa pondok.... {...}

Continue Reading →

FESTIVAL GEROBAG

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Mengeti ambal warsanipun ingkang kaping kalih, Paguyuban Pelestari Grobag Lembu, Manunggal Lestari, Sleman Barat,nggelar Festival Gerobag ing Lapangan Tlogoadi Kecamatan Mlati, Sleman, dinten Minggu (15/11) enjing.Dinas Pertanian Perikanan dan Kehutanan Sleman ngajab lampahing festival sageda njurung gregeting masyarakat kangge ngingah lembu, supados populasi lembu mindhak. Lampahing festival dipun kepyakaken dening Kepala Bidang... {...}

Continue Reading →

DISPERINDAGKOPTAN CECAWISAN OP BERAS MURAH

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Pemerintah Kota Yogyakarta lumantar Dinas Perindustrian, Perdagangan, Koperasi dan Pertanian samangke saweg nyawisaken data kuota kangge ngadani operasi pasar beras murah. Bab wau dipun tindakaken kangge ngawekani mindhakipun regi uwos ngleresi mangsa paceklik ingkang dumados wulan Desember ngantos wulan Januari taun ngajeng. Kepala Dinas Perindustrian Perdagangan, Koperasi dan Pertanian Kota Yogyakarta, Suyana... {...}

Continue Reading →

DESA MENCIL KEDUNGJATI

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Saben warga masyarakat mesthi kepengin ing papan dunungipun wonten akses transportasi ingkang gampil. Sinaosa sampun jaman moderen, nanging tetela taksih kathah tlatah mencil ingkang mboten kambah akses transportasi. Kadosta sawetawis warga ing Imogiri Bantul, ingkang mapan ing dhusun mencil Kedungjati. Sinaosa sampun pitungdasa taun Indonesia mardika, nanging tetela puluhan taun ugi warga... {...}

Continue Reading →

Veteran Nampi Bantuwan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv—Sugeng Hadisuyatno inggih veteran ingkang rikala semanten dados anggota Pembela Tanah Air (PETA). Ngantos samangke Sugeng mapan dhateng satunggaling griya ingkang kirang murwat. Awit saking punika,   Kodim 0730 Gunungkidul ngadani kridha bedah rumah sarta suka bantuwan sembako kangge nyekapi kabetahan padintenanipun. Sugeng boten nate pikantuk bantuwan saking pemerintah awit dereng mlebet data administrasi veteran... {...}

Continue Reading →

Page 79 of 98