Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Alih Aksara Jawa

Lomba Alih Aksara Jawa

Bantul, www.jogjatv.tv–Minangka kupiya kangge njurung greget maos siswa ngiras kangge nglestantunaken aksara jawa, wiwit dinten Senen (16/11) kalawingi Kantor Perpustakaan Bantul nggelar Lomba Alih Aksara Jawa tumrap pelajar. Atusan siswa SD, SMP lan SMA sa Kabupaten Bantul dipun ajak nyulih aksara jawa dhateng aksara latin .

100 siswa SMP satataranipun, wakil siswa SMP, MTS sa Bantul, dinten Selasa (17/11) siyang katingal tumemen sulih basa pethilan cariyos ingkang dipun serat ngginakaken aksara jawa. Sinaosa katingalipun prasaja nanging para pamupu racakipun kangelan sulih basa aksara jawa dhateng aksara latin. Wekdal 2 jam ingkang dipun cawisaken panitia kangge sulih basa cariyos Lairipun Dewi Sri , tetela taksih kirang. Kepara kathah pamupu ingkang boten saged nggarap ngantos rampung.

Miturut salah satunggaling dewan juri, Pardiyono, Lomba Alih Aksara Jawa inggih kupiyanipun Kantor Perpustakaan Bantul kangge memetri kabudayan jawa, kanthi nresnani aksara jawa. Lomba kaperang dados tiga kategori, SD, SMP, lan SMA. Naskah lomba dipun cundhukaken kaliyan tataran pendidikan pamupu supados gampil dipun tampi .

Kridha kasebat kaangkah sageda dipun gelar kanthi ajeg, kanthi pamupu ingkang langkung kathah. Awit menawi boten wiwit samangke dipun pepetri, aksara jawa ing tembe namung dados legenda kemawon jalaran masyarakat boten pana dhateng aksara tilaranipun leluhur.

(Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.