Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mie Ayam Hijau, Mie Sehat Tumrap Vegetarian

Mie Ayam Hijau, Mie Sehat Tumrap Vegetarian

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv–Tumrap para vegetarian ingkang kepengin nedhi mie ayam, pranyo gi nyobi mie ayam hijau.

Wande mie ayam hijau dumunung ing Jalan Serma Taruna Ramli utawi sangajeng SD Ungaran 1 Kota Baru. Sinebat mie ijo, awit bahan bakunipun gandum lan sawi.

Ngracik mie ayam hijau kadosdene ngracik mie limrahipun, mie ijo dipun godhog nuli dipun bumboni bumbu mie ayam, sasampunipun bumbunipun rumasuk, mie dipun wadhahi mangkok pangsit lajeng dipun sukani daging ayam. Mangkok mie hijau saged dipun tedhi awit kadamel saking pangsit dene reginipun antawis Rp 8000 – Rp14.000 saben porsi.

Miturut Bakul mie, sugiono inovasi mie ayam hijau mangkuk ingkang dipun damel wiwit taun 2010 tetela dipun remeni dening masyarakat . Saben dinten mie ingkang dipun cawisaken pajeng 250 ngantos 300 porsi dene ancasipun damel inovasi mie ayam kangge ngindhaken pengaos mie ayam. (Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.