Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

DESA MENCIL KEDUNGJATI

DESA MENCIL KEDUNGJATI

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Saben warga masyarakat mesthi kepengin ing papan dunungipun wonten akses transportasi ingkang gampil. Sinaosa sampun jaman moderen, nanging tetela taksih kathah tlatah mencil ingkang mboten kambah akses transportasi. Kadosta sawetawis warga ing Imogiri Bantul, ingkang mapan ing dhusun mencil Kedungjati.

Sinaosa sampun pitungdasa taun Indonesia mardika, nanging tetela puluhan taun ugi warga Kedungjati, Selopamioro, Imogiri, Bantul kadosdene kakiwakaken. Bab kasebat jalaran para warga wau mapan dhateng dhusun ingkang mencil lan boten wonten akses margi sarana transportasi ingkang murwat. Margi ingkang wonten inggih namung margi limidan ing bambingan sapinggiring Lepen Oya.

Rapidi, salah satunggaling warga Kedungjati mratelakaken, wiwit mapan ing Dhusun Kedungjati Imogiri ing taun 1984 lan ngantos samangke dereng wonten wonten akses margi ingkang murwat, ingkang saged nyambetaken kaliyan wewengkon sanes. Margi ingkang wonten inggih namung margi limidan dhateng bambingan sapinggiring Lepen Oya, ingkang kawawas ugi mbebayani. Saking 133 Kepala Keluarga ing Dhusun Kedungjati, warga ing RT 4 lan RT 6 boten gadhah margi murwat, lan menawi badhe kesah kedah mlampah tebihipun setunggal kilometer. Bab ingkang sami ugi kalampahan nalika warga badhe nyade asil panenipun.

Lurah Desa Selopamioro, Imogiri, Himawan Sadjati, nelakaken boten saged tumindak kathah kangge mbabar akses margi ingkang nyambetaken wewengkon wetan piyambak saking Kabupaten Bantul punika. Bambingan sela ingkang inggil dhateng sapinggiring Lepen Oya, dados pepalang anggenipun badhe mbabar margi. Dene kangge ngepras gumuk sela mawi alat berat, laras kaliyan pranatan pemerintah desa, boten dipun keparengaken nyewa alat berat kanthi nanjakaken anggaran desa. Awit saking punika Himawan ngajab supados Pemerintah DIY tumut cawe cawe ngudhari reruwetipun warga. Dene menawi margi enggal saged kababar, badhe saged nyambetaken kaliyan Desa Banyusoca ing Kecamatan Playen Gunungkidul. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.