Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Lomba Cipta Menu

Klaten, www.jogjatv.tv – Kabetahan  bahan pangan mliginipun uwos, saya tikel laras kaliyan cacahing penduduk ingkang saben taunipun mindhak. Kangge ngawekani krisis pangan mliginipun uwos, Tim Penggerak PKK Desa Sekarsuli, Kecamatan Klaten Utara, nepangaken  bahan pangan non beras gantosing uwos dhateng  masyarakat, kanthi nggelar Lomba Cipta Menu Bahan Dasar Singkong.   Salebeting lomba para pamupu lomba... {...}

Continue Reading →

Koni Badhe Nggelar Porkab Lan Lomba Lari 100 K

Sleman,www.jogjatv.tv – Dungkap pengetan sak abad Hadeging Kabupaten Sleman,  Koni Sleman nggelar tetandhingan olahraga tataran padhukuhan ngantos kabupaten. Kridha olahraga kasebat ugi kangge pembinaan olahraga ing Sleman . Jajaran pengurus Koni Sleman, sowan Bupati Sleman,Sri Purnomo ing Ruang Rapat Bupati Sleman  dinten Senen (25/4) siyang. Salebeting kalodhangan kasebat, Ketua Koni Sleman, Pramono nglapuraken maneka kridha... {...}

Continue Reading →

Festival Sompil

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kabupaten Gunungkidul kawentar awit sugih papan wisata. Tlatah cengkar kasebat tetela ugi nyimpen  kaskaya kuliner ingkang dereng dipun mangertosi dening masyarakat. Kangge ngindakaken kunjungan wisata lan narik kawigatosan wisatawan, masyarakat Kecamatan Patuk nggelar Festival Sompil. Sompil inggih tetedhan mirunggan Kecamatan Patuk ingkang ngantos samangke taksih dipun pepetri. Sompil inggih masakan kados opor,... {...}

Continue Reading →

Donor Darah Karyawan SGI

Sleman, www.jgjatv.tv – Atusan karyawan PT Sport Glove Indonesia, Padhukuhan  Plumbon, Desa Sardonoharjo, Kecamatan Ngaglik, Sleman, dinten Senen (25/4) enjing ngadani aksi kemanusiaan donor darah. Kridha punika nampi panjurung saking PMI Sleman awit pendhonor ing Sleman taksih kapetang winates. Saderengipun dipun pendhet rahipun, para calon pendonor dipun cek kasarasanipun langkung rumiyin. Menawi dipun telakaken saras,... {...}

Continue Reading →

Pengetan  Hari Bumi

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Hari Bumi Sedunia dipun pengeti tanggal 22 April.Ancasipun kangge njurung lan nuwuhaken  kawigatosan manungsa dhateng planet papanipun ing bumi. Kesadaran njagi lestarining wewengkon prayogi dipun tepangaken wiwit lare taksih alit kanthi ajeg.  SD Negeri 1 Ungaran,Kotabaru,Gondomanan,Yogyakarta,mengeti Hari Bumi sesarengan kaliyan pengetan Hari Kartini kangge nulad semangat kepahlawanan Kartini ingkang nresnani  bumi... {...}

Continue Reading →

Kirab Budaya Merti Dhusun Jodog

Bantul, www.jogjatv.tv – Minangka wujud pratelan raos syukur awit sih nugraha Gusti ingkang hakarya jagat, Warga Dhusun Jodog, Gilangharjo Pandak Bantul, nggelar upacara merti dhusun, kanthi dipun regengaken kirab budaya, dinten Kemis (22/4) sonten. Kanthi ngangge busana adat jawa, atusan warga tumut kirab budaya rerangkening upacara  merti dhusun, ingkang dipun gelar kalih taun sepisan.  Kirab... {...}

Continue Reading →

Kartini Award Perempuan Pekerja Keras

Klaten, www.jogjatv.tv – Maneka kridha dipun gelar kangge mengeti Hari Kartini. Salebeting pengetan Hari Kartini  samangke, SMKN 1 Pedan, suka pangalembana  tumrap   perempuan pekerja keras inggih punika Suratmi. Suratmi inggih warga Pedan, Klaten, Jawa Tengah ingkang sampun 5 taun makarya minangka juru parkir dhateng pelataran salah satunggaling bank swasta. Pakaryan ingkang limrahipun dipun ayahi para... {...}

Continue Reading →

Kalenan Buntet, Los Peken Jenes

Purworejo, www.jogjatv.tv – Kawontenan peken krendetan ing kecamatan purwodadi purworejo jawatengah, ingkang nembe kemawon rampung dipun bangun, tetela dereng murwat. Nalika jawah, toya dhateng kalenan boten mili satemah los kembeng toya lan jenes. Sanak kadang bakul ingklang losipun kembengan toya, kedah masang banon supados saged ndhasaraken daganganipun. Kadang bakul ngajab supados kalenan ingkang buntet tumuli... {...}

Continue Reading →

36 Hektar Taneman Pantun Katerak Ama

Sleman, www.jogjatv.tv – Ngendhaleni paneraking ama taneman, langkung prayogi tinimbang mbrastha ama ingkang ngrebda. Awit saking punika, Kelompok Tani Ngudi Makmur Padukuhan Krajan, Desa Sidoluhur, Godean, Sleman, kupiya ngendhaleni paneraking ama kanthi penyemprotan massal, dinten Kemis (21/4) sonten. Miturut ketua Kelompok Tani Ngudi Makmur Subandi 36 hektar taneman pantun gadhahan kelompok tani   katerak sundep, hawar... {...}

Continue Reading →

Kethoprak Tentara

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge sosialisasi wawasan kebangsaan tumrap warganing TNI lan masyarakat,  Korem 072 Pamungkas Yogyakarta badhe ngadani pagelaran kethoprak. Kangge cecawisan,warganing TNI Korem 072 Pamungkas gladhen kethoprak sesarengan kaliyan para seniman kethoprak saking Ngayogyakarta. Kethoprak kanthi lampahan Topeng Ireng kasebat nyariyosaken  perjuwangan Pangeran Diponegoro, ingkang garapanipun dipun larasaken kaliyan perkawis sosial... {...}

Continue Reading →

Page 39 of 98