Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

36 Hektar Taneman Pantun Katerak Ama

36 Hektar Taneman Pantun Katerak Ama

Sleman, www.jogjatv.tv – Ngendhaleni paneraking ama taneman, langkung prayogi tinimbang mbrastha ama ingkang ngrebda. Awit saking punika, Kelompok Tani Ngudi Makmur Padukuhan Krajan, Desa Sidoluhur, Godean, Sleman, kupiya ngendhaleni paneraking ama kanthi penyemprotan massal, dinten Kemis (21/4) sonten.

Miturut ketua Kelompok Tani Ngudi Makmur Subandi 36 hektar taneman pantun gadhahan kelompok tani   katerak sundep, hawar daun lan wereng coklat, titikanipun ron taneman pantun nglinthing  lan warninipun jene. Warganing kelompok tani kabiyantu dening TNI Koramil Godean nindakaken penyemprotan masal, ngginakaken pestisida ramah lingkungan, bantuwan saking Balai Proteksi Tanaman Pertanian (BPTP) Yogyakarta.

Miturut kepala BPTP Yogyakarta, Suparjono, obat ingkang dipun ginakaken kangge nyemprot  inggih pestisida hayati  ramah lingkungan lan trep sanget kangge ngawekani paneraking ama mliginipun virus. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.