Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kartini Award Perempuan Pekerja Keras

Kartini Award Perempuan Pekerja Keras

Klaten, www.jogjatv.tv – Maneka kridha dipun gelar kangge mengeti Hari Kartini. Salebeting pengetan Hari Kartini  samangke, SMKN 1 Pedan, suka pangalembana  tumrap   perempuan pekerja keras inggih punika Suratmi.

Suratmi inggih warga Pedan, Klaten, Jawa Tengah ingkang sampun 5 taun makarya minangka juru parkir dhateng pelataran salah satunggaling bank swasta. Pakaryan ingkang limrahipun dipun ayahi para priya wau dipun ayahi dening  ibu peputra setunggal kasebat  kangge biyantu semahipun, nyekapi kabetahan padintenan.  Gregetipun ingkang makantar pikantuk tandha pangalembana Kartini Award saking guru lan pelajar SMK N 1 Pedan supados saged dipun tulad dening para siswa ingkang racakipun wanita.

 

Kejawi masrahaken Kartini Award, salebeting pengetan  Hari Kartini samangke, siswa ugi suka sekar dhateng wanita ingkang pinuju langkung. (Haryadi)

 

Share this with friends

Comments are closed.