Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

SISWA YAYASAN AMAL INSAN MULIA SHOLAT ISTISQA

SISWA YAYASAN AMAL INSAN MULIA SHOLAT ISTISQA

Kulonprogo, DIY www.jogjatv.tv Kirang langkung 700 siswa Yayasan Amal Insan Mulia Kulonprogo, wiwit saking siswa PAUD, TK, SD lan SMP Islam Terpadu dinten Jemuah (16/10) enjing nindakaken Sholat Istisqa, ing Lapangan Pengasih/ Kulonprogo. Pangibadahan punika kangge nyuwun jawah, supados ketiga panjang tumuli purna lan kabut asap ing Sumatra lan Kalimantan tumuli sirna.

Kridha punika dipun adani ugi ngiras kangge nggegulang para siswa supados tepaselira kaliyan sesami. Siswa ugi ngedumaken stiker pangajak mbiyantu korban kabut asap. Sri Wahyuni, Ketua Yayasan Amal Insan Mulia mratelakaken, Sholat Istisqa dipun adani kangge nggegulang siswa caranipun nyuwun tumuruning jawah ing mangsa ketiga. Salah satunggaling siswa, Reisha Ellen nelakaken remen saged tumut pangibadahan punika, kangge nyuwun supados tumuli jawah. ( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.