Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

REGI LOMBOK ANJLOG, PETANI KAPITUNAN

REGI LOMBOK ANJLOG, PETANI KAPITUNAN

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Petani lombok ing Klaten Jawa Tengah kuwatos, jalaran samangke regi lombok anjlog. Awit saking punika, petani nandangkapitunan ngantos yutan rupiyah.Kawontenan kasebat jalaran regi lombok boten imbang kaliyan wragat tanem ingkang nggayuh Rp. 8 yuta saben pathok.

Sewulan pungkasan regi lombok anjlog,sakawit Rp. 35.000 samangke mandhap dados Rp 4.000 saben kilo, saking kadang tani.Kawontenan kasebat njalari petani lombok kapitunan, jalaran kangge nanem lombok saben pathok ingkang wiyaripun 1800 meter pesagi mbetahaken wragat Rp 8 yuta.Menawi regi lombok namungRp 4.000 pramila pamedal petani namungRp 1,6 yuta,taksih dipun suda Rp 50.000,00 kangge epah berah panen.

Samangke regi lombok mandhap jalaran ngleresi panen raya sarta mangsa ketiga panjang, ingkang njalari tenaman lombok kekirangan toya.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.