Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PENANGKAR PEKSI , KAAJAB TUMUT LOMBA PIALA WALIKOTA CUP

PENANGKAR PEKSI , KAAJAB TUMUT LOMBA PIALA WALIKOTA CUP

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Penangkar peksi oceh-ocehan ing Ngayogyakarta kaajab tumut mupu minangka peserta pemula salebeting Lomba Burung Berkicau Piala Walikota Cup, ingkang badhe dipun gelar dintenMinggu (18/10). Ancasipun kangge ngindakaken regi peksi oceh-ocehan ingkang samangke mandhap.

Sinaosa regi peksi oceh-ocehan mandhap, nanging boten njalari penangkar peksi nglokro, kepara cacahipun tansaya kathah.Ing Kota Yogyakarta, cacahipun ngantos ewonan peternak. Kepala Bidang Pertanian Disprindagkoptan Kota Yogyakarta, Benny Nurhantoro mratelakaken jinis peksi ingkang dipun tangkaraken dening peternak antawisipun kenari, love bird lan murai batu.Kanthi ancas kangge ngindakaken regi peksi oceh-ocehan, para penangkar peksi dipun sukani kalodhangan dados peserta pemula salebeting Lomba Burung Berkicau Piala Walikota Cup kapisan ingkang badhe dipun gelar ing Balaikota Yogyakarta tanggal 18 Oktober 2015.

Miturut Panitia Lomba Lomba Burung Berkicau Piala Walikota Cup 1 2015, Nugroho, badhe dipun gelar maneka jinis lomba, kangge juara utama nampi piala lan arta pembinaanRp. 1,2 yuta,dene ingkang mlebet 10 besar nampi sertifikat sarta hadiah pembinaan lan peksi ingkang tumut lomba badhe dipun gelangi.

Ngantos samangke ingkang ndaftaraken lomba sampun wonten 150 calon pamupu saking wewengkon DIY lan sajawining Pulo Jawa.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.