Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

NGANGKAT RINGGIT LUMANTAR PAMERAN SENI RUPA

NGANGKAT RINGGIT LUMANTAR PAMERAN SENI RUPA

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Kangge nepangaken ringgit, minangka kaskaya bangsa Indonesia, Forum Silaturakhim Wedangan Yogyakarta, FSWY, nggelar pameran seni rupa sesirah “Wayang”. Pameran kasebat, kaajab dados kalodhangan kangge ngengetaken wigatinipun memetri ringgit minangka warisan budaya.

Ringgit inggih kaskaya budaya bangsa Indonesia, ingkang sampun dipun kukuhaken dening jagad internasional lumantar Unesco minangka warisan budaya Indonesia. Kangge mimbuhi bab kasebat, kathah seniman ingkang tansah kupiya ngangkat ringgit, antawisipun Forum Silaturakhim Wedangan Yogyakarta, FSWY ingkang nggelar pameran seni rupa kanthi irah-irahan “Wayang”. Pameran dipun sengkuyung puluhan perupa ingkang mameraken puluhan lukisan sarta seni instalasi, antawisipun transfigurasi wayang wohing pakaryanipun Widji, Astuti Kusuma ingkang mameraken lukisan sesirah Cahaya Sang Hyang Mahadewa sarta Raja Babil dening Alex.

Salah satunggaling pamirsa pameran saking Sheko, Suzana, mratelakaken kepranan dhateng kagunan seni budaya Indonesia antawisipun ringgit, ingkang gadhah aos artistik mligi.

Pameran dipun gelar ing Pendhapi Art Space ngantos tanggal 21 Oktober 2015. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.