Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Rembug Warga, Progam Pengentasan Kemiskinan

Rembug Warga, Progam Pengentasan Kemiskinan

Sleman, www.jogjatv.tv – Badan keswadayaan masyarakat (BKM ) Taman Sejahtera , Desa Tamanmartani , Kecamatan Kalasan, Sleman, ngadani kridha rembug warga mapan ing aula kantor desa dinten Rebo (6’1) enjing. Kridha ingkang dipun gelar setaun sepisan punika dados kalodhangan kangge evaluasi sarta urun rembug lampahing program penanggulangan kemiskinan taun 2015 .

Rembug warga dipun estreni 150 wakil warga saking maneka elemen masyarakat, antawisipun pamong desa, lembaga pedesaan sarta warga penerima manfaat program penanggulangan kemiskinan.     Miturut pengurus BKM, Sigit Suryadi, rembug warga inggih wujud tanggel jawab dhateng lampahing program penanggulangan kemiskinan BKM Taman Sejahtera ingkang dipun tindakaken dhateng 22 dusun ing Desa Tamanmartani Kalasan .   BKM Taman Sejahtera madeg taun 2000 kanthi   nengenaken progam penanggulangan kemiskinan ingkang kapantha dados sawetawis kategori, antawisipun lingkungan , sosial lan ekonomi. Progam kasebat ngecakaken redana APBN gunggung Rp 200 yuta saben taun.   Saperangan redana dipun cakaken kangge sektor pemberdayaan ekonomi masyarakt lumantar simpan pinjam angkringan ingkang samangke sampun gadahi aset pinjaman Rp 1 miliar.BKM Taman Sejahtera dipun sengkuyung dening Kemensos RI kanthi suka jaminan kesehatan tumrap warga miskin ingkang dereng dipun tanggel dening Pemerintah.

Miturut, SIgit, BKM Taman Sejahtera dados tuladha tumrap BKM ing wewengkon sanes ingkang badhe ngangsu kawruh bab progam penanggulangan kemiskinan ingkang dipun tindakaken kanthi swadaya.  ( Hari Atamaja )

Share this with friends

Comments are closed.