Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Jumenengan PA X Dipun Regengaken Beksan Bedaya Angronakung

Jumenengan PA X Dipun Regengaken Beksan Bedaya Angronakung

Kota Yogyakarta,, www.jogjatv.tv – Beksan Bedaya Angronakung, yasan dalem Pakualam kaping kalih nalika abad 18, watawis taun 1800-an badhe dipun gelar salebeting upacara jumenengan dalem , Kanjeng Bendoro Pangeran Haryo Prabu Suryodilogo ,jumeneng Pakualam X

Beksan Bedaya Angronakung mligi dipun ayahi dening para Kenya minangka pralambang karaharjan lan kesuburan. Beksan kasebat nyariyosaken Prabu Inukertapati ingkang ngupadi jati diri lan wusananipun pinanggih jatu kramanipun Dewi Candra Kirana.

 

Beda kaliyan beksan bedaya Kraton Kasultanan Ngayogyakarta lan Surakarta, ingkang kedah dipun ayahi dening 9 pambeksa, beksan bedaya pakualam namung dipun ayahi 7 pambeksa. (Fauzan Ahmad)

Share this with friends

Comments are closed.