Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Parade Budaya Dan Kreasi Siswa

Parade Budaya Dan Kreasi Siswa

Klaten, www.jogjatv.tv – Maneka kupiya dipun lampahi kangge njagi lestarining wewengkon. Awit saking punika, siswa SMK Negeri Setunggal Pedan , Klaten, Jawa Tengah , nanjakaken sampah plastik kangge damel rasukan. Maneka wohing pakaryan siswa kasebat, dipun pameraken salebeting Parade Budaya Dan Kreasi Siswa, pengetan ambal warsa, ingkang kaping 48, SMK N 1 Pedan, dinten Jemuwah (29/1) enjing

Salebeting karnaval, siswa ngangge busana adat saking sawetawis wewengkon   Indonesia , kepara wonten ingkang ngangge rasukan wohing pakaryanipun piyambak, ingkang kadamel saking sampah, antawisipun plastik,ron lan kertas. Miturut salah satunggaling siswa , Endah gadhah gagasan damel rasukan saking sampah plastikawit kadereng raos prihatos, dhateng uwuh plastik ingkang dipun bucal dhateng sadengah papan.

Kepala SMK N 1 Pedan, Narimo, sengaja nggelar Parade Budaya Dan Kreasi Siswa , kangge njurung raos trensa siswa dhateng kagunan budaya ngiras kangge ndunungaken siswa supados migatosaken wewengkon sakiwa tengenipun.

(Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.