Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Limbah Kajeng Jati, Media Lukisan 3D

Limbah Kajeng Jati, Media Lukisan 3D

Solo, www.jogjatv.tv – Satunggaling pelukis ing Solo, Jawa Tengah, nanjakaken limbah industri mebel, kangge damel lukisan tiga dimensi ingkang elok. Awit kaprigelanipun, Umar Bafadhal, warga Semanggi Solo, Jawatengah, kethokan kajeng jati dipun tanjakaken kangge damel barang ingkang ageng pengaoispun. Perangan ingkang legok kangge media lukisan tiga dimensi. Cara pandamelipun pancen remit. Sasampunipun kethokan kajeng dipun amplas alusdipun sukani campuran resin lan katalis, ingkang menawi garing, memper kados lapisan kaca, lajeng kangge dasar lukisan. Obyek lukisan, antawisipun ulam koi. Kangge nglukis tiga dimensi, kedah dipun ambali makaping-kaping kepara ngantos kaping 5, gumantung obyek gambar. Saben nglukis dipun sukani resin, nuli dipun pe , lajeng dipun ambali malih, ngantos sampurna.

Tigang wulan pungkasan, Umar wiwit nglukis tiga dimensi, salebeting sedinten saged damel 10 lukisan, reginipun atusan ewu ngantos yutan rupiyah, gumantung remitipun. Lukisan kasebat dipun sade kanthi sistem onlinedhateng sawetawis wewengkon Indonesia. Umar pitados wohing pakaryanipun saged tumut jor-joran salebeting Masyarakat Ekonomi Asean.

( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.