Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Anomali Cuaca Boten Mangaribawani Ketahanan Pangan

Anomali Cuaca Boten Mangaribawani Ketahanan Pangan

Bantul, www.jogjatv.tv – Sinaosa mangsa rendheng samangke awis-awis jawah, awit pangaribawa anomali cuaca jalaran el nino nanging kawontenan kasebat, boten njalari cadangan bahan pangan pokok ing Bantul kirang.

Miturut Kepala Badan Ketahanan Pangan Dan Penyuluhan Pertanian (BKP3) Kabupaten Bantul, Pulung Haryadi Sakawit BKP3 kuwatos menawi ketahanan pangan badhe mandhap, awit kirangipun jawah njalari usaha pertanian gagal. Bab wau tetela saged dipun awekani, kanthi gentosan nanjakaken saluran irigasi sarta mranata pola tanam. Saperangan tlatah pareden ing bantul ingkang kaancam boten saged nanem pantun, samangke saged tanem, saperangan tlatah ngare, sampun tumapak mangsa panen raya dene pantun mujudakenproduk unggulan ketahanan pangan ing Kabupaten Bantul.

Sinaosa makaten Pulung boten gadhah pangajeng-ajeng saking laladan tadah jawah awit namung gumantung kathahing jawahkamangka menawi ngginakaken saluran irigasi ugi kangelan. Ewa semanten, ketahanan pangan ing Kabupaten Bantul taksih aman.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.