Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nyadran Makam Sewu

Nyadran Makam Sewu

Bantul, www.jogjatv.tv — Kanthi turun temurun, warga Kelurahan Wijirejo, Pandak, Bantul lan sakiwa tengenipun, nyadran dhateng Makam Sewu. arah kemawon, nanging ugi dipun regengaken maneka kridha budaya.  Nyadran Makam Sewu inggih  sadranan ageng piyambak, ingkang dipun tindakaken ing Kabupaten Bantul.

Dinten Senen (30/5) enjing,  atusan Warga Kelurahan Wijirejo lan sakiwa tengenipun nyadran utawi ziarah dhateng Makam Sewu kangge dongakaken para leluwuripun.

Salah satunggaling  peziarah, Muhardi ,  tansah tumut nyadran ing Makam Sewu ,awit kathah leluwuripun ingkang dipun sarekaken ing Makam Sewu.  Awit saking punika, tansah nglodhangaken wekdal kangge ziarah lan dongakaken para leluwuripun sarta  ziarah dhateng Pasareyan  Panembahan Bodho inggih Cikal Bakal Makam Sewu.

Wondene miturut ketua panitia, Gayuh, sakawit nyadran ing Makam Sewu dipun tindakaken kanthi ziarah lan kendhuri dhateng pelataran  pasareyan nanging  samangke tradisi kasebat saya ngrembaka. Nyadran ugi dipun regengaken kirab budaya.ngarak jodhang  lan gunungan wulu wedaling bumi. Nyadran Makam Sewu, dipun tindakaken saben dinten Senen, ing wulan Ruwah sasampunipun tanggal 20. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.