Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nyadran, Kampanye Gesang Resikan

Nyadran, Kampanye Gesang Resikan

Klaten, www.jgjatv.tv – Warga Padukuhan Garjo , Desa Manjung , Ngawen,  Klaten Jawa Tengah , nyadran kanthi nggelar kirab budaya, ngarak gunungan woh-wohan lan wulu wedaling bumi. Gunungan woh-wohan lan wulu wedaling bumi, dipun kirab mubeng dhusun kanthi dipun regengaken kesenian Imut Ijo  lan tari kreasi. Saleebting kalodhangan kasebat ugi dipun adani kampanye gesang resikan, ngajak warga supados njagi resiking wewengkon, nebihi korupsi  lan obat-obatan terlarang. Miturut Kepala Desa Manjung, AB. Amanto kirab budaya inggih rerangken sadranan padukuhan garjo.Tradisi sadranan dados kalodhangan kangge sialhturahmi ing antawisipun warga,mliginipun warga ingkang sami bebara. Nyadran ugi mengku ancas kangge memetri kagunan seni budaya  lan ndunungaken  supados gesang resikan tansaya ngantos samangke, kitha Klaten dereng saged ngudari ruwet rentenging perkawis Tempat Pembuangan Sampah.

Sasampunipun kirab , warga mlempak dhateng sasanalaya dhusun kangge kendhuri lan dahar kembul.  ( Haryadi )

 

Share this with friends

Comments are closed.