Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

 Sarasehan Budaya Rerangken Kridha Bersih Desa

 Sarasehan Budaya Rerangken Kridha Bersih Desa

Sleman,www.jogjatv.tv – Minangka rerangkening upacara adat bersih desa, Pemerintah Desa Trihanggo, Kecamatan Gamping, Sleman nggelar Sarasehan Budaya, dinten Minggu (29/5) siyang. Ancasipun kangge suka seserapan babagan aos budaya ingkang kebak pitutur luhur, ngiras kangge memetri kagunan budaya adiluhung tilaran nenek moyang.

Sarasehan Budaya dipun rawuhi dening para kades sa Kabupaten Sleman sarta perangkat desa lan tokoh masyarakat sa Desa Trihanggo, Kecamatan Gamping, Sleman dene ingkang paring pangadikan inggih warganing DPD RI, Gusti Kanjeng Ratu Hemas ingkang ngandaraken babagan budi pekerti, asisten Bidang Keistimewaan DIY, Didik Purwadi ngandaraken bab Keistimewaan DIY sarta Budayawan, Mohamad Sobari ingkang njlentrehaken bab Sangkan Paraning Dumadi.

Miturut Kades Trihanggo, Herman Budi Pramono, tuwuh gagasan ngadani sarasehan awit kadereng raos prihatos dhateng lunturipun kautaman ing madyaning masyarakat mliginipun para muda. Gumelaring sarasehan kaajab sageda mimbuhi seserepan masyarakat dhateng aos budaya lan piwucal  luhur kangge mujudi gesang ungkang ayem, tentrem, guyub rukun lan ngajeni sasama.

Angkahaipun sarasehan badhe dipun gelar kanthi ajeg sabotenipun  setaun utawi 2 taun sepisan. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.