Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

JAMASAN WAOS KYAI WIJAYA MUKTI

JAMASAN WAOS KYAI WIJAYA MUKTI

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Waos pusaka kagunganipun Pemerintah Kota Yogyakarta, Kyai Wijaya Mukti, dipun jamasi ing plataran Balaikota Yogyakarta, dinten Jemuwah (6/11) enjing. Cundhuk kalian pamoripun, Kyai Wijaya Mukti dados pralambang pangarsa ingkang tanpa pamrih lan sadanguning 15 taun pusaka kasebat dipun papanaken ing ruang kerja walikota.

Jamasan pusaka waos Kyai Wijaya Mukti kagunganipun Pemerintah Kota Yogyakarta dipun tindakaken ing plataran air mancur Balaikota Yogyakarta, dinten Jemuwah (6/11) enjing. Jamasan samangke beda kaliyan taun-taun kapengker, abdi dalem Kraton Ngayogyakarta namung njamasi lelandheping waos sarta ngalungaken roncen sekar, bab wau awit jamasan sawetahipun sampun dipun tindakaken dinten Jemuwah Kliwon minggu kapengker. Jamasan dipun pangarsani dening Penghageng Paguyuban Abdi Dalem Keprajan Kota Yogyakarta, KRT Gondodiningrat, sineksen Pejabat Pemerintah Kota Yogyakarta. Miturut Kanjeng Gondo, waos ingkang panjang landeyanipun kalih setengah meter kasebat yasan taun 1921 nalika jamanipun Sri Sultan Hamengku Buwono Kaping Wolu. Kaparingan asma Kyai Wijaya Mukti sawetawis dinten dungkap pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta. Salajengipun nalika tanggal 7 Juni 2000, Ngarsa Dalem Kaping Sedasa maringaken waos kasebat dhateng Pemkot Yogyakarta lan dipun papanaken dhateng ruang kerja walikota, amrih dados sumber gagasan lan panjurung tumrap walikota. Cundhuk kaliyan pamoripun, tanpa pamrih minangka pralambang kekiyatan moral tumrap pangarsa ingkang mbudidaya mujudi karaharjan kawulanipun.

Jamasan Pusaka Waos Kyai Wijaya Mukti sampun dados tradisi. Awit saking punika jamasan pusaka badhe dipun pepetri supados pusaka kasebat awet. Miturut hakekat, waos pusaka dados pralambang keprajuritan sarta greget jiwa satria.

Hari Atmaja

Share this with friends

Comments are closed.