Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

LOMBA DOLANAN TRADISIONAL

LOMBA DOLANAN TRADISIONAL

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Kangge mahargya pengetan ambal warsa kaping 44 taun Korpri Kabupaten Sleman, dinten Jemuwah (6/11) siyang dipun gelar Lomba Dolanan Tradisional ing Lapangan Beran Sleman. Awit kathah pigunanipun lan pikantuk tanggapan gumathok saking maneka pehak, pramila lomba badhe dipun gelar kanthi ajeg, sabotenipun setaun sepisan.

Maneka dolanan tradisional ingkang dipun gelar salebeting lomba antawisipun lomba theklek, egrang lan gobag sodor. Miturut Sekretaris Korpri Sleman, Endang Kusmawati, Lomba Dolanan Tradisional punika kangge ngregengaken ambal warsa Korpri Sleman ingkang dipun pengeti tanggal 29 November 2015, sarta minangka wujud panyengkuyungipun Korpri Sleman dhateng Keistimewaan DIY ngiras kangge ngleluri kagunan budaya tilaran nenek moyang.

Lomba Dolanan Tradisional ingkang saweg sepisanan dipun gelar samangke, pikantuk tanggapan gumathok saking maneka pehak sarta kathah pigunanipun, pramila lomba kados makaten badhe ajeg dipun gelar sabotenipun setaun sepisan, kangge ngregengaken ambal warsa Korpri Sleman.

Subardi

Share this with friends

Comments are closed.