Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

BIKAK LUWUR PASAREYAN KI AGENG PANTARAN

BIKAK LUWUR PASAREYAN KI AGENG PANTARAN

Boyolali, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Warga Pantaran, Kecamatan Ampel, Boyolali Jawa Tengah, nindakaken tradisi bikak luwur pasareyan Ki Ageng Pantaran, dinten Jemuwah (6/11) enjing. Upacara dipun tindakaken saben dinten Jemuwah ing minggu kaping sekawan wulan Sura, kanthi nggantos lurup pasareyan.

Tradisi bikak luwur utawi sadranan bikak luwur inggih tradisi gantos lurup pasareyan Ki Ageng Pantaran. Lurup dipun gantos setaun sepisan saben wulan Sura, ancasipun kangge ngenget-enget labuh labetipun Syeh Maulana Malik Maghribi, ingkang ing jaman kawuri nindakaken syiar agama Islam dhateng tlatah Pantaran sarta mbangun Masjid Pantaran. Miturut juru kunci pasareyan, Totok Sunyoto, ing pasareyan kasebat wonten gangsal pesareyan ingkang dipun bikak luwuripun, inggih lurup pasareyan Syeh Maulana Maghribi, Dewi Nawang Wulan, Ki Ageng Pantaran, Ki Ageng Mataram, sarta Ki Kebo Kanigoro. Dene lurup lawas padatan dipun bekta wangsul dening para pejiarah.

Salabeting tradisi sadranan bikak luwur, panitia sarta warga bekta sesaji ingkang dipun wadhahi tenong lan sadanguning upacara dipun papanaken dhateng pasareyan. Sasampunipun lurup dipun gantos, kalajengaken tahlilan, dene sesaji lan tarub ingkang ngrengga pasareyan kangge rayahan warga.

Sri Haryadi

Share this with friends

Comments are closed.