Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dispertahut Paring Bantuwan Traktor Dhateng Kelompok Tani

Dispertahut Paring Bantuwan Traktor Dhateng Kelompok Tani

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge biyantu nggindakaken produktivitas hasil pertanian, Dinas Pertanian dan Kehutanan Kabupaten Bantul, paring  bantuwan alat pertanian dhateng kelompok tani. Dinten Selasa (19/4) siyang 35 traktor tangan bantuwan saking Kemertian Pertanian kasebat, dipun pasrahaken dhateng wakil kelompok tani. Ngantos samangke, petani ing Bantul ngginakaken traktor tangan sewan, kanthi tarip sewan, sayuta tigang atus  ewu rupiyah saben hektar. Wontenipun bantuwan traktor kasebat  badhe nyuda wragat  sewan pramila petani kantun tumbas  solar lan ngupakawis piranti.

Plt Kepala Dipsertahut Bantul, Heny Purwanto mratelakaken, bantuwan traktor dipun pasrahaken dhateng 35 kelompok tani ingkang sampun kedaftar ing  Dinas Pertanian dan Kehutanan Bantul. Candhakipun, Dispertahut badhe paring bantuwan alat pertanian dhateng  kelompok tani sanes ingkang samangke dereng nampi bantuwan. (Anang Zainuddin)

 

Share this with friends

Comments are closed.