Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ambal Warsa Persit Lan Dharma Pertiwi

Ambal Warsa Persit Lan Dharma Pertiwi

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Persatuan Istri Prajurit (Persit ) korem nol tujuh dua Pamungkas, dinten Senen (18/4) enjing, mengeti ambal warsa  kaping  70 Persit lan kaping 52 Dharma Pertiwi.mapan ing Balai Pamungkas Yogyakarta. Kridha kasebat dipun estreni dening para garwa prajurit wilayah korem 072 Pamungkas, dipun rawuhi dening Danrem 072 pamungkas Brigjen Stephanus Tri  Mulyono sarta  jajaran petinggi TNI.  Pengetan ambal warsa dipun tandhani pagas  tumpeng dipun pasrahaken dhateng warganing Persit berprestasi. Salebeting kalodhangan kasebat  ugi dipun pasrahaken  bantuwan dhateng  keluarga prajurit TNI AD  ingkang betahaken lan  dhateng siswa berprestasi  sarta  dipun pasrahaken  bebana tumrap pasarta ingkang sasab salebeting lomba ingkang dipun gelar minggu kapengker. (Hari Atamaja)

Share this with friends

Comments are closed.