Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Budidaya Pisang Bebatheni

Budidaya Pisang Bebatheni

Klaten, www.jogjatv.tv – Petani pisang ing Klaten pisambat jalaran taneman pisang gadhahanipun katerak virus satemah ronipun alum. Taneman pisang ingkang katerak virus inggih taneman ingkang dipun tanem ing perkebunan tlatah Semangkak, Klaten, Tengah.

Miturut salah satunggaling petani pisang, Isnaini, sewulan pungkasan, taneman pisang katerak virus. Saking 4.200 uwit nembe satunggal ingkang katerak virus, inggih uwit pisang umur tanam 2,5 wulan. Jinis pisang ingkang dipun tanem antawisipun pisang raja, pisang kapok, kuning lan pisang kulit tipis. Isnaeni ugi mratelakaken, uwit pisang ingkang katerak penyakit layu mawohipun boten tumanja. Kangge ngawekani supados paneraking virus boten ngrebda, uwit ingkang kenging virus nuli dipun pejahi lajeng dipun sulami.

Yektinipun budidaya taneman pisang bebatheni, nanging kedah dipun upakawis kanthi tumemen supados subur. Budidaya pisang saged panen makaping-kaping, racakipun umur setaun sampun montong. Lajeng thukul anakan kathah dene anggenipun panen langkung cepet tinimbang babonipun, 8 wulan sampun saged dipun panen.   Saben babonan pisang, thukulanipun ngantos 6. Kalih thukulan dipun srantos ngantos mawoh, dene sanesipun saged dipun pencaraken pramila bebatheni. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.