Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ondhe-Ondhe Ketawa

Ondhe-Ondhe Ketawa

Klaten, www.jogjatv.tv – Panjenengan remen kuweh, kadosta ondhe-ondhe, prayogi ngicipi ondhe-ondhe ketawa. damelan Sri Purwahyuni, warga Desa Talang, Kecamatan Bayat, Klaten, Jawa Tengah. Gatra ondhe-ondhe limrahipun bunder, nanging onde-onde damelan Ketua Penggerak PKK Desa Talang kasebat gatra bintang, pramila dipun sebat ondhe-ondhe ketawa. Ngocal ondhe-ondhe ketawa sami kados ngocal ondhe-ondhe ingkang bunder. Bahan bakunipun, gandum, gendhis pasir lan tigan. Bahan kasebat dipun jladreni nuli nuli dipun uleni ngantos kalis. Salajengipun jladrenan nuli dipun glindhingi lan dipun sukani wijen. Saderengipun dipun goreng ondhe-ondhe dipun gunting malang mujur. Kanthi nekuni usaha damel ondhe-ondhe ketawa sawetawis taun pungkasan, Sri Purwahyuni saged nambah pamedal kulawarga sarta ndayakaken warga sakiwa tengenipun.

Ondhe-ondhe ketawa winates dipun sade dhateng tlatah Klaten dene reginipun Rp 2.000,00 saben wungkus, isi 6 iji. Saben dinten, Sri Purwahyuni ngocal setengah kwintal gandum kangge damel ondhe-ondhe atusan wungkus. (Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.