Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bantuwan Puluhan Ewu Bibit Taneman

Bantuwan Puluhan Ewu Bibit Taneman

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinten Kemis (4/2) enjing, PT Aliance One Indonesia, masrahaken puluhan ewu bibit taneman, dhateng para petani lan jajaran pemerintahan ing Klaten, Jawa Tengah salebeting program penghijauan kangge njagi lestarining wewengkon. Kridha punika inggih program CSR perusahaan ingkang dipun tindakaken setaun sepisan minangka wujud tanggel jawab njagi lestarining wewengkon awit ruang terbuka hijau samangke tansaya ciyut.

Pananeming wit-witan saged nyuda pangaribawa pemanasan global awit wit-witan saged nyesep emisi karbon ingkang njalari pemanasan global. Miturut Kepala Perusahaan, Imam Nurdin, program bantuwan bibit taneman ajeg dipun tindakaken dening perusahaan kangge njagi lestarining wewengkon, awit kathah wit-witan ingkang dipun tegori kangge kajeng obong. Bantuwan bibit taneman ingkang dipun pasrahaken, saben taunipun mindhak. Taun 2013 lan 2014, lumantar program CSR, suka bantuwan 20 ewu bibit taneman salebeting program penghijauan. Dene taun 2015 , suka bantuwan 30 ewu bibit taneman. Puluhan ewu bibit taneman kasebat dipun pasrahaken dhateng petani sata sarTa SKPD pemerintah. Bibit taneman ingkang dipun dumaken antawisipun sengon, jati lan woh-wohan.

Anggota Komisi E, DPRD Propinsi Jawa Tengah, Kadarwati nyengkuyung program CSR perusahaan ingkang tumemen migatosaken lestarining wewengkon, nuhoni pranatan ingkang wonten. CSR peduli lingkungan ugi dipun tindakaken perusahaan sanes ing tlatah Klaten,Jawa Tengah. (Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.