Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

939 Santri Tumut Lomba Pospeda

939 Santri Tumut Lomba Pospeda

Sleman, www.jogjatv.tv  – Santri boten namung kaajab dados satunggaling tiyang ingkang buntas ing babagan ngelmi agama kemawon, nanging ugi kedah lantip, saras jiwa lan raganipun. Awit saking punika pemerintah daerah lan pusat asring nggelar lomba lan tetandhingan olahraga sarta seni kangge para santri.

939 santri saking 27 pondok pesantren sa Kabupaten Sleman,  tumut dados pamupu salebeting pekan olahraga dan seni tingkat daerah ( POSPEDA ) Kabupaten Sleman, ingkang dipun gelar ing wewengkon kantor Pemkab Sleman tanggal 2 ngantos 3 Maret 2016. Salebeting POSPEDA taun samangke, wonten sawetawis cabang  olahraga lan seni ingkang dipun gelar. Antawisipun lomba lari, tetandhingan badminton, voly, pingpong, pencaksilat, futsal, lomba seni lukis kaligrafi, sesorah basa inggris lan basa arab. Miturt Kabag Kesra Pemkab Sleman, Heri Sutopo, kejawi minangka sarana silaturahmi kangge para santri, pospeda punika ugi kangge ngindhakaken prestasi para santri ing babagan olahraga lan seni. Kaajab kanthi kridha kados makaten, para santri boten namung buntas ing ngelmi agama kemawon, nanging ugi lantip, tansah saras lan gadhah jiwa seni satemah migunani tumrap masyarakat.

Heri Sutopo ugi mratelakaken juara setunggal POSPEDA samangke badhe makili Sleman majeng lomba lan tetandhingan ing tataran DIY wulan Juni benjing. Dene menawi ing tataran DIY sasab, badhe dipun kintunaken makili DIY dhateng ajang ingkang sami tataran Nasional dhateng Banten wulan Oktober benjing. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.