Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Taneman Pantun Katerak Patah Leher

Taneman Pantun Katerak Patah Leher

Klaten, www.jogjatv.tv  – Taneman pantun ing Desa Plosowangi, Kecamatan Cawas,  Kabupaten Klaten, katerak blas Pirycularia Oryzae utawi patah leher satemah saged njalari puso. Paneraking patah leher punika sampun watawis sangangdasa persen saking wiyaring pasabinan 115 hektar, wondene jinis pantun ingkang katerak inggih jinis pantun ciherang.

Kades Plosowangi, Suhono, mratelakaken, blas utawi patah leher nerak taneman pantun, watawis sangangdasa persen saking wiyaring pasabinan 115 hektar ing Desa Plosowangi. Paneraking jinis sesakit punika saged njalari puso awit gabah dados kopong. Jinis taneman pantun ingkang katerak inggih varietas ciherang.

Awit paneraking seskit punika, para kadang tani nandhang kapitunan. Menawi limrahipun saking saben pathok sabin petani saged nampi pamedal antawis Rp. 5 yuta ngantos Rp. 6 Yuta, samangke mbokbilih para penebas gabah boten purun numbas. Suhono ugi mratelakaken pehakipun sampun tembayatan kaliyan PPL, nanging jinis sesakit punika taksih angel anggenipun ngawekani lan dereng wonten obatipun. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.