Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Aumat Hindu Nindakaken Upacara Melasti

Aumat Hindu Nindakaken Upacara Melasti

Klaten, www.jogjatv.tv – Ndungkap pahargyan Nyepi, Umat Hindhu nindakaken upacara melasti dhateng umbul geneng Klaten, Jawa Tengah. Upacara melasti dipun tindakaken kanthi ngarak pratima utawi maneka ubarampe upacara, wiwit saking pura tumuju dhateng umbul geneng.

Minangka rerangken pahargyan Riyadi Nyepi, Umat Hindhu ing Klaten Jawa Tengah, nindakaken upacara melasti.

Upacara melasti kawiwitan kanthi sembahyangan dhateng pura tirtha buana, Desa Pluneng Kebonarum. Sasampunipun upacara kalajengaken ngarak pratima utawi ubarampe upacara lan sesaji, saking pura tirtha buana tumuju dhateng plataran umbul geneng, Kecamatan Kebonarum, Klaten. Ewonan Umat Hindhu saking kawandasa pitu Pura ing Klaten tumut salebeting kirab ingkang nempuh lampah watawis kalih kilometer punika. Nalika kirab, umat tansah ngidung binarung ungeling gangsa ganjur. Dumugi ing umbul geneng, sedaya ubarampe upacara dipun suceni kanthi nyiprati mawi toya suci .

Upacara melasti dipun tindakaken kanthi ancas reresik dhiri lan alam wewengkon sakiwa tengen, ndungkap Riyadi Nyepi.

Sasampunipun upacara melasti, Umat Hindhu badhe nindakaken upacara tawur agung, ingkang badhe dipun gelar dhateng plataran candi prambanan Tanggal 8  Maret benjing, kalajengaken catur brata penyepian, inggih punika umat Hindhu badhe amati geni, amati karya, amati lelaguan lan amati lelungan.

 

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.