Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

TMMD Ing Wukirharjo

TMMD Ing Wukirharjo

Sleman, www.jogjatv.tv – Kodim Nol Tujuh-Tiga-Dua Sleman, dinten Selasa (20/9) enjing ngadani upacara kepyakan TNI Manunggal Membangun Desa (TMMD) Sengkuyung tahap dua taun 2016 ing Desa Wukirharjo, Kecamatan Prambanan, Sleman.  Upacara kepyakan TMMD Sengkuyung rambahan kaping kalih taun 2016 dipun pandhegani dening inspektur upacara Wakil Bupati Sleman, Sri Muslimatun.  Wonten ing kalodhangan kasebat Sri Muslimatun masrahaken maneka piranti kerjabakti tumrap warganing TNI, Pol-PP lan warga. Kepyakan lampahing tmmd dipun tandhani kanthi nabuh gong.

Perwira Seksi Teritorioal Kodim 0732 Sleman, Kapten Arly Iskandar, mratelakaken, TMMD Sengkuyung ing Desa Wukirharjo, Kecamatan Prambanan badhe dipun tindakaken sadangunipun 21 dinten, kanthi ngadani  maneka kridha pambangunan fisik lan non fisik, antawisipun cor blok margi ingkang panjangipun 750 meter, damel talud margi, ndandosi masjid, damel gardu siskamling lan mlester griyaning warga. Kajawi punika  ugi nindakaken maneka kridha non fisik, antawisipun penyuluhan wawasan kebangsaan, penyuluhan kamtibmas lan penyuluhan usaha bidang pertanian.

Wondene Pangdam IV Diponegoro, Mayor Jendral TNI, Jaswandi salebeting serat pambagyanipuni ingkang dipun waosaken dening Wakil Bupati Sleman,Sri Muslimatun, ngajab pambangunan lumantar program TMMD dipun jagi  kanthi sae supados  migunani tumrap masyarakat.

Sasampunipun upacara, Wakil Bupati Sleman, Sri Muslimatun sesarengan sawetawis pejabat Pemkab Sleman lan pejabat Kodim 0732 Sleman nyemak kawontenan sasaran program TMMD. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.