Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Relokasi Tambak Urang

Relokasi Tambak Urang

Bantul, www.jogjatv.tv – Pemerintah  DIY, lumantar  Dinas Kelautan dan Perikanan ngedalaken pranatan ingkang damel kejot. Tambak urang ingkang ngantos samangke sumebar dhateng tigang kabupaten badhe dipun klempakaken dados setunggal dhateng tlatah Kalurahan Srigading, Sanden, Bantul.

Lurah Srigading, Wahyu Widodo mboten nduwa menawi saperangan tlatahipun badhe dipun tanjakaken kangge relokasi tambak urang DIY. Pekawisan ingkang wiyaripun satus sewelas hektar ing sakidul jalur Jalan Lintas Selatan utawi sawetan Pesisir Samas badhe dipun tanjakaken kangge relokasi. Saking 111 hektar pekawisan,  26 hektar ing antawisipun inggih siti kas desa lan pelungguh, dene ingkang sanesipun inggih gadhahan masyarakat umum. Dinas Kelautan dan Perikanan DIY sampun ngaturi lurah, dhukuh lan tokoh masyarakat kangge ngrembag rantaman kasebat. Bab wau dipun lampahi awit setaun kapengker warga nampik pambangunan  tambak urang ing wewengkon kasebat.

Menawi pambangunan relokasi sampun rampung, pramila sedaya tambak urang Kabupaten Bantul, Kulonprogo lan  Gunungkidul badhe dipun tutup. Sedaya kridha tambak urang badhe dipun telengaken dhateng Srigading.  Sinaosa makaten, relokasi tambak urang badhe betahaken wekdal ingkang dangu awit samangke Kementrian Keuangan nyuda Anggaran Dana Alokasi Umum tumrap Pemerintah DIY . ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.