Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Lestarining kagunan seni budaya gumantung pemerintah lan kiprahing wiranem. Rukala semanten ingkang greget ngleluri kagunan seni budaya inggih para sesepuh. Anut pangrembakaning jaman tetela samangke kathah wiranem ingkang greget nggegulang kagunan seni budaya antawisipun ketoprak, dagelan, teater, pantomimsarta beksan klasik kadosta ringgit tiyang gagrag Ngayogyakarta. Saben dipun adani pagelaran ringit tiyang, paraganipun rumaja... {...}