Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Shalat Istisqo Kangge Nyuwun Jawah

Shalat Istisqo Kangge Nyuwun Jawah

Solo, www.jogjatv.tv –Ketiga panjang ingkang dumados ing Indonesia, nuwuhaken raos prihatos maneka pehak awit wewengkon ingkang Kekirangan toya tansaya wiyar dene hawa ugi sakelangkung benter.

Awit saking punika sasampunipun shalat jumat, jamaah Masjid Agung Kraton Kasunanan Surakarta , nindakaken shalat istisqo minangka panuwunan supados tumuli jawah. Ingkang jumeneng imam inggih Kyai Muhtarom dene ingkang jumeneng khotib inggih ustadz Muhammad Zumroni. Tatacara sholat istisqo kados dene shalat jumat.

Salebeting khotbahipun, Muhammad Zumroni ngajak supados sedaya jamaah mertobat, dhumateng Allah SWT supados tansah pinaringan pepadang salebeting mecaki gesang.

Sholat istisqo nembe sepisanan dipun adani dening takmir Mesjid Agung Surakarta , sadanguning mangsa ketiga samangke. ( Sazadi Abdilah )

Share this with friends

Comments are closed.