Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Seleksi MTQ Tataran Kabupaten

Seleksi MTQ Tataran Kabupaten

Bantul, www.jogjatv.tv–Minangka cecawisan kangge ngadhepi Musabaqoh Tilawatil Quran ( MTQ ) pelajar tataran DIY, Pemkab Bantul dinten Rebo (30/9) enjing nindakaken seleksi dhateng atusan siswa SD , SMP , lan SMA, ingkang badhe majeng dhateng ajang kasebat.
Atusan siswa SD, SMP , lan SMA perwakilan saking 17 kecamatan sa Kabupaten Bantul, dinten rebo enjing tumut seleksi mtq tataran kabupaten bantul, mapan dhateng komplek SMA Negeri 1 Bantul. Kanthi maneka gladhen saderengipun, para pamupu nedahaken kasagedanipun dhateng sangajenging para juri, supados saged pinilih sasab.
Salah satunggaling panitia MTQ, Sartono mratelakaken, sedaya pamupu ingkang tumut seleksi, inggih para juara MTQ pelajar ing kecamatanipun. Salajengipun para pamupu wau badhe rebat unggul supados saged makili Kabupaten Bantul majeng MTQ pelajar tataran DIY, wulan Oktober benjing. Salebeting MTQ samangke wonten 17 cabang lomba ingkang dipun gelar, antawisipun Tilawatil Quran lan Sari Tilawah, Cerdas Cermat Agama, Adzan, lan lukis kaligrafi.
(Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.