Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Aos Dolar Mindhak, Petani Ulam Pasren Kuwatos

Aos Dolar Mindhak, Petani Ulam Pasren Kuwatos

Sleman, www.jogjatv.tv–Anjlogipun aos rupiyah tumrap dolar, 2 wulan pungkasan, ngancam sektor usaha budidaya ulam pasren ing Diy. Menawi kawontenan punika lumampah dangu, petani ulam badhe kukut. Jalaran mindhakipun aos dolar, teleng budidaya ulam koi Dhusun Blendangan, Tegaltirto, Berbah Sleman kepeksa ngendeli impor indukan koi.

Miturut Petani ulam koi, Santoso, wiwit aos dolar saya mindhak panyadening ulam koi dhateng sawetawis wewengkon indonesia suda 30 persen. Kawontenan saya mrihatosaken, regi pakan mligi kangge ulam koi, ugi mindhak. Sakawit reginipun Rp 105.000,00 samangke mindhak dados Rp 155.000,00. Supados ngirit, santoso ngracik pakan piyambak. Kajawi punika regi indukan ulam koi saking Jepang ugi mindhak, pramila samangke boten ngimpor indukan malih, kamangka sakawit saben 6 wulan sepisan impor indukan.

Santosa wiwit taun 2004 ugi budidaya ulam arwana silver. Sakawit ekspor   bibit ulam arwana silver dhateng Singapura lan Tiongkok. Saderengipun aos rupiah anjlog, bibit ulam arwana ukuran 6 centimeter reginipun Rp 30.000,00 dene samangke mandhap dados Rp 18.000,00 saben iji. Sinaosa reginipun mandhap nanging saben 2 minggu sepisan tetep ekspor bibit arwana cacah 2.000- 3.000 iji, kangge nutup wragat operasional.

Santoso ugi kuwatos menawi kelompok petani ikan hias kaperbawan awit mindhakipun aos dolar. Tansaya dungkap lumampahipun era pasar bebas MEA wiwit wulan Desember benjing. Pehakipun ngajab pemerintah suka pendampingan dhateng petani ulam pasren kanthi ngadani pelatihan, supados saged rebat unggul kaliyan produk ulam pasren ngamanca. Awit menawi boten wonten kawigatosan saking pemerintah, petani ulam ing Indonesia badhe kawon lan kukut.

(Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.