Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin Slondok Renteng

Perajin Slondok Renteng

Sleman,www.jogjatv.tv – Kangge narik kawigatosan konsumen sarta kangge njagi ciri khas  nyamikan ingkang nate monjo nalika taun sewu sangang atus sewidakan, Purwanto, Warga Padukuhan Boyong,Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Sleman nekuni pakaryan minangka petrajin slondok renteng.

Saderengipun plastik mratah kados samangke, maneka tetedhan dipun wadahi ron utawi kertas. Awit saking punika rikala semanten slondok dipun rentengi ngginakaken tutus. Sinaosa samangke sampun mratah wadah plastik  naging Purwanto greget nekuni pakaryan minangka perajin slondok renteng. Kajawi kangge narik kawigatosan konsumen pandameling slondok renteng ugi kangge njagi ciri khas  slondok .

Miturut Purwonto, nekuni pakaryan minangka perajin slondok renteng nglajengaken  usaha tiyang sepuhipun ingkang dipun lampahi kanthi turun temiurun puluhan taun kapengker. Sinaosa boten dipun wadahi plastik nanging slondok renteng  boten badhe mlempem ngantos  24 jam dene menawi dipun wadahi plastik utawi blek  awet ngantos 2 wulan.

Purwanto damel slondok kanthi nanjakaken  bahan baku tela pohung tanpa campuran bahan sanes lan saben dinten damel slondok sakuintal dene reginipun Rp 24 ewu saben kilo. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.