Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nyadran Kanthi Gunungan Dolanan

Nyadran Kanthi Gunungan Dolanan

Magelang, www.jogjatv.tv – Warga Kalurahan Kemirirejo, Kecamatan Magelang Tengah, Kota Magelang, nggelar Nyadran Simbah Kyai Langgeng, mapan dhateng Taman Wisata Kyai Langgeng. Elokipun salebeting garebeg nyadran, dipun cawisaken gunungan dolanan lan tetedhan kangge dipun rebat dening para lare.

Sinaosa dereng ngantos pucaking upacara, gunungan kasebat sampun kangge rebatan warga kepara lare-lare ugi kedah dhesuk-dhesukan kaliyan tiyang diwasa kangge rebatan gunungan. Bab kasebat jalaran salah satunggaling gunungan wau isinipun inggih maneka dolanan. Kejawi punika, ugi dipun cawisaken gunungan nyamikan lan jajanan satemah kathah lare ingkang kepengin ngrayah isining gunungan wau. Kejawi dolanan lan nyamikan, ugi wonten gunungan isi maneka sayuran, palawija, who-wohan lan ugi maneka kerajinan.

Nyadran Simbah Kyai Langgeng sampun dipun tindakaken kanthi turun-tumurun dening warga Kalurahan Kemirirejo, ingkang racak sadeyan dhateng wewengkon Taman Kyai Langgeng. Salebeting nyadran kasebat, warga monjukaken donga sesarengan dhateng pasareyanipun Kyai Langgeng lan ugi dhahar kembul pitung tumpeng ingkang sampun kacawisaken.

Grebeg nyadran samangke inggih kangge memetri budaya sarta ngangkat kearifan lokal. Miturut warga, angka 7 ingkang dipun lambangaken gunggunging gunungan lan tumpeng, mengku werdi pituduh lan pitulungan saking Gusti ingkang Maha Agung.

Kyai Langgeng inggih pepundhen cikal bakal Kalurahan Kemirirejo, ingkang dipun pitados minangka salah satunggaling Prajurit Diponegaran. Nalika tilar donya, layonipun Kyai Langgeng dipun sarekaken dhateng pasareyan ingkang samangke mlebet dhateng wewengkon Taman Wisata Kyai Langgeng. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.