Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemkab Ngangkah PBB 2016 Rp 76,3 Miliar

Pemkab Ngangkah PBB 2016 Rp 76,3 Miliar

Sleman, www.jogjatv.tv – Mapan ing pendhapi Rumah Dinas Bupati Sleman dinten Rebo (6/1) siyang Dinas Pendapatan Daerah, Kabupaten Sleman, masrahaken Surat Pemberitahuan Pajak Terhutang (SPPT) pajak bumi dan bangunan, PBB Kabupaten Sleman taun 2016 dhateng para wajib pajak. SPPT dipun pasrahaken dening Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi dhateng para wajib pajak berskala besar sarta para Kepala Desa Sa Kabupaten Sleman lan salajengipun badhe dipun pasrahaken dhateng para wajib pajak ing wewengkonipun. Miturut Kepala Dipenda Sleman, Hardo Kiswoyo, pamedal saking PBB Sleman taun 2016 kaangkah Rp. 76,3 Miliar kaimpun saking   600 ewu wajib pajak. Ketetapan PBB taun punika mindhak Rp. 2,32 Miliar timbang taun 2015 kapangker ingkang gunggungipun Rp 74 Miliar. Miturut Hardo Kiswoyo, sinaosa penetapan PBB mindhak nanging Pemkab Sleman boten ngindhakaken   Nilai Jual Obyek Pajakpramila pajekipun sami kados taun kapengker.

Wondene miturut Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi, pamedal saking sektor pajak saperangan dipun wangsulaken dhateng masdyarakat kangge pambangunan wewengkon. Awit saking punika para KEPALA DESA kaajab tumuli masrahaken SPPT dhateng wajib pajak.( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.