Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pelatihan Wirausaha Tumrap ABK

Pelatihan Wirausaha Tumrap ABK

Bantul, www.jogjatv.tv – Ngantos samangke masyarakat taksih ngiwakaken Anak Berkebutuhan Khusus (ABK). Gesangipun ABK dipun anggep tansah gumantung dhateng asanes lan mboten saged mandiri.  Kamangka mboten sedaya ABK kedah kabiyantu sadangunipun gesangipun awit menawi dipun galdhi, saged mandiri kados masyarakat limrahipun.

Kangge nggladhi supados  ABK , saged gesang mandiri ngiras kangge suka seserepan dhateng  masyarakat bab wigatinipun edukasi ABK , Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga  DIY,  dinten Selasa (17/1) siyang ngadani  pelatihan wirausaha tumrap panandhang autisme lan tunanetra damel tigan asin .

Dekan Fakultas Peternakan UGM , Ali Agus mratelakaken , sengaja gladhi ABK damel tigan  asin awit caranipun gampil. Kajawi punika dereng kathah Warga Ngayogyakarta , ingkang damel tigan asin pramila dados kalodhangan pakaryan ingkang bebatheni.

Kepala Sekolah Autis Bina Anggita, Banguntapan, Bantul , Ambarsih mratelakaken, pasarta  gladhen kewirausahaan inggih siswa SLB Ing saindhenging DIY tataran SMP lan  SMA  panandhang autis lan tunanetra. Ancasipun supados sasampunipun  lulus saged bikak usaha piyambak. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.