Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kemenhan Gandeng Pawiyatan Luhur

Kemenhan Gandeng Pawiyatan Luhur

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kementrian Pertahanan tembayatan kaliyan pawiyatan luhur swasta ing wewengkon Diy kangge tumut cawe-cawe program bela negara. Kiprahipun pawiyatan luhur kawawas wigati kangge ngawekani tuwuhipun radikalisme lan terorisme ingkang ngancam Bangsa Indonesia.

Rawuhipun Menteri Pertahanan, Ryamizard Ryakudu dhateng Ngayogyakarta, inggih minangka pembicara utama salebeting Rapat Koordinasi Perguruan Tinggi Swasta- PTS sa DIY. Dhateng sangajenging sivitas akademika saking 104 pawiyatan luhur, Menhan ngajak mahasiswa lan wiranem sanesipun kangge tumut cawe-cawe salebeting program bela negara kangge ngawekani maneka ancaman ingkang saged nganggu wetahipun Bangsa Indonesia.

Anut pangrembakanipun, ancaman boten namung asal saking nagari sanes nanging ugi saking salebeting nagari kadosta ancaman radikalisme-terorisme sarta ancaman lumantar internet. Mantan Kasad TNI Angkatan Darat punika ugi ngajab pawiyatan luhur swasta saged kiprah langsung salebeting pawiyatan. Konsep bela negara sampun dipun atur salebeting Undang-Undang Dhasar, lan sedaya warga negara gadhah hak lan wajib bela negara laras kaliyan kabetahan pertahanan negara.  Pamarentah ugi nedheng nyawisaken rancangan Undang-Undang mligi ingkang ngatur bab bela negara.

Kaajab nalika pawiyatan luhur tumut cawe-cawe bela negara, para wiranem ugi langkung mangertosi dhateng Nilai-Nilai Pancasila sarta teges toleransi. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.