Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Natalan SMA Bopkri 1 Yogyakarta

Natalan SMA Bopkri 1 Yogyakarta

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – SMA Bopkri satu Yogyakarta nggelar natal bersama, sesirah Membangun Kembali Pondok Daun. Ancasipun supados umat tansah nengenaken kautaman lan caket dhumateng Gusti ingikang hakarya jagat, kanthi  dedonga ing saben dintenipun.

Natal bersama dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta, dipun estreni kulawarga ageng SMA Bopkri 1 Yogyakarta inggih para siswa, guru sarta tenaga pengajar ingkang sampun purna lan sederekipun para guru. Kejawi dedonga lan maos pujian, natalan ugi dipun regengaken maneka kridha seni dening para siswa. Kepala SMA Bopkri 1 Yogyakarta, Andar Rujito, mratelakaken, ing jaman samangke kathah kedadosan ingkang njalari was sumelang lan saya mutawatosi. Kepala sekolah ngajab supados para siswa tansah caket dhumateng Gusti kanthi dedonga lan maos pujian amrih tansah pinaringan pepadang lan gadhah bebuden ingkang luhur. ( Viecintia Rina+ Febri Triyatmoko )

Share this with friends

Comments are closed.