Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ladosan PMI Boten Namung Donor Darah

Ladosan PMI Boten Namung Donor Darah

Sleman, www.jogjatv.tv – Salebeting wulan Januari 2017 punika, kanthi gilir gumanti pengurus PMI DIY tetinjo dhateng sedaya markas PMI kabupaten lan kota sa DIY. Dene ing dinten Kemis (19/1) siyang Pengurus PMI DIY tetinjo dhateng PMI Sleman. Salebeting kridha ingkang dipun pandhegani langsung dening Ketua PMI DIY, Prabukusumo punika, rombongan dipun tampi dening Ketua PMI Sleman, Sunartono dipun ampingi sawetawis Pengurus PMI Kabupaten Sleman. Anggenipun tetinjo dhateng PMI Sleman punika ugi kangge ningali langsung maneka kridhanipun PMI Kabupaten Sleman. Miturut Ketua PMI Sleman, Sunartono kangge lampahing organisasi, PMI Sleman tansah nindakaken maneka pembenahan, mliginipun ing babagan administrasi lan keuangan. Wondene ing babagan ladosan dhateng masyarakat, kejawi ngladosi donor darah lan pembinaan dhateng relawan, PMI Sleman ugi suka ladosan mobil ambulan kanthi lelahanan, mliginipun kangge warga masyarakat miskin lan kangge para korban kecelakaan.

Ketua PMI DIY, GBPH Prabukusumo ngajab dhateng sedaya pmi kabupaten lan kota sa DIY, anggenipun suka ladosan dhateng masyarakat boten namung ingkang asipat konvensional kemawon kadosta donor darah nanging ugi kedah suka pelatihan pertolongan korban, mliginipun dhateng para wiranem ing daerah rawan bencana, satemah menawi tumempuh musibah alam, warga boten bingung lan saged suka pertolongan pertama dhateng para korban. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.