Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nanjakaken Uwuh Plastik Kangge Media Tanam

Nanjakaken Uwuh Plastik Kangge Media Tanam

Sleman, www.jogjatv.tv – Uwuh plastik tetela saged dipun tanjakaken kangge media tanam. Puji Heru Sulistiyono, Warga Dhusun Klakah, Sendangtirto, Berbah, Sleman, gadhah gagasan nanjakaken uwuh plastik kangge media tanam. Sinaosa samangke saweg dipun cobi kangge nanem tanaman non pangan, nanging taneman ingkang dipun tanem dhateng media plastik katingal subur.

 

Uwuh plastik ingkang ngantos samangke dipun bucal dhateng sadengah papan dening masyarakat, dening Puji Heru Sulistiyono, dipun tanjakaken kangge damel media tanam. Dhateng pekawisan griyanipun, Puji nanem maneka jinis taneman ngginakaken plastik bekas dene plastik ingkang kandel dipun tanjakaken kangge polybag. Supados saged kangge nanem taneman, plastik bekas kasebat dipun gatra kados tigan ayam. Ewa semanten, plastik bekas kasebat namung mligi kangge nanem taneman non pangan. Awit saking punika, Puji nanem sayuran lan woh-wohan dhateng siti, sinaosa ngginakaken polybag limbah plastik kemasan   .

 

Kejawi nanjakaken limbah plastik kangge media tanam, samangke Puji ugi ngecakaken tehnologi pembuatan pupuk kompos alami ingkang dipun sebat reaktor cacing. Kanthi nanjakaken ban bekas ingkang dipun bolongi alit lan dipun rajut ngginakaken tangsul . Piranti kasebat inggih mesin alami kangge damel kompos. Supados bakuh, ban wau dipun sangga ngginakaken tosan. Ngantos samange Puji sampun damel 60 -70 unit reaktor cacing ingkang dipun sade dhateng wewengkon DIY , kanthi regi Rp sayuta saben iji. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.