Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Desa Wisata Durian

Desa Wisata Durian

Klaten, www.jogjatv.tv – Menawi pinuju dhateng Kota Bersinar, Klaten, Jawa Tengah, karaos boten jangkep menawi dereng pinarak dhateng Desa Wisata Durian ingkang dumunung ing Desa Kanoman Karangnongko.

Duren inggih woh-wohan ingkang miraos sanget. Gandanipun ingkang sedhep ndayani kathah ingkang remen dhateng uwoh duren. Dhateng rumah durian ingkang dunungipun 10 kilometer saking Kabupaten Klaten, panjenengan saged ngrahapi duren ingkang nembe kemawon dipun pethik. Maneka duren ingkang dipun cawisaken antawisipun duren montong lokal, mentega lokal lan oranye lokal. Kejawi miraos, reginipun ugi murwat, antawis Rp 75 ewu ngantos Rp 100 ewu saben iji. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.