Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Koleksi Museum Gunung Merapi Wimbuh

Koleksi Museum Gunung Merapi Wimbuh

Sleman, www.jogjatv .tv – Obyek wisata Museum Gunung Merapi,(MGM) Kabupaten Sleman, nampi sumbangan koleksi barang ingkang risak nalika kurdaning redi merapi taun 2010, saking Bank Indonesia (BI). Barang gadhahan BI badhe dipun pajang wiwit tanggal 1 Juni 2016.

88 piranti balewisma ingkang badhe dipun sumbangaken antawisipun  ragangan sepeda motor, piring, piranti  masak, jam dinding sarta meja lan kursi.

Miturut  Kepala Pengelola Museum, Suharno, samangke MGM gadhah 189 koleksi barang lan gambar kegunungapian. Kanthi sumbangan barang saking BI pramila  koleksi benda kegunungapian ing museum gunggungipun dados 277 unit.

Kanthi wimbuhipun koleksi museum, kaajab  dados  daya tarik  tumrap wisatawan. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.